Tuladha :
- Bima nyirami kembang ing plataran.
kembang = sekar - Tari lara mata merga klilipen.
mata = perangane awak kanggo ndeleng/nyawang - Tangane sing kecethit dipijetake.
tangan = perangan awak sing kanggo gumlawat
Tuladha :
- Asri dadi kembang desa ing desaku.
kembang desa = pepujaning priya - Matane ijo nalika weruh dhuwit.
matane ijo = seneng - Ngati-ati bocah kae dawa tangane.
dawa tangane = seneng colong jupuk / clemer
Tuladha Tembung Garba
- Pejabat sing korupsi dadi kembang lambe warga.
- Omonganmu sing nylekit kuwi gawe abang kupingku.
- Wong nggegem tangan kuwi wae kuwi adoh rejekine.
- Aja sok gawe lara atine wong liya, ora becik.
- Bocah kok tipis lambene, apa-apa dicatur.
- Dewi gedhe tekade melu lomba nembang.
- Oleh juwara ateges ora mung ngemut driji.
- Ora dadi juwara, Mardi ora cilik atine.
- Lagi ditimbali wae, kancaku wis entek atine.
- Para juri lomba wis jembar kawruhe.
- Aja nganti kadaluwarsa, sinau kuwi wiwit cilik.
- Pikire landhep dengkul, diterangake angel.
- Masa bodhoa kabel cukupana dhisik!
- Wis direwangi meres kringet wae durung bisa cukup.
- Wis kebacut tatu atine, nadyan dirih-rih tetep mental.
- Weruh mesin jahit iku, Reni gatel tangane.
- Banu pancen landhep pikire, diterangake sedhela langsung mudheng.
- Sing jembar segarane yo, Kang! Sing uwis yo uwis.
- Dewi pancen cilik atine, gampang nesu yen digodhani.
- Marco pancen kandel kupinge, dituturi kaping seket buntet ora tau manut.
- Aja mung kakehan lambe, talk less do more wae lah.
- Yen wis dadi wong sukses, aja gedhe endhase marang liyan yo, Nang!
- Sanadyan sampeyan ki "sudah jatuh tertimpa tangga", sampeyan kudu dawa ususe.
- Esuk-esuk kok peteng ulate. Ono masalah apa to, Mbakyu?
- Banu kuwi pancen amba jangkahe. Isih umur 25 tahun wae bisnise wis tekan mancanegara.
No comments:
Post a Comment