Monday, September 26, 2011

Parikan

Parikan ing basa Indonesia diarani pantun. Supaya ora gampang lali, dieling-eling wae yen tembung parikan kuwi asale saka tembung "pari", krama inggile dadi pantun.

Parikan nduweni paugeran :
1. Parikan rong gatra :
  • migunakake purwakanthi guru swara (sajak) : a-a
  • gatra kapisan minangka sampiran, gatra kaping loro minangka isi.
2. Parikan patang gatra :
  • migunakake purwakanthi guru swara (sajak) : a-b-a-b
  • gatra kapisan lan kaping loro minangka sampiran, gatra kaping telu lan kaping papat minangka isi.
Tuladha:
1. Parikan rong gatra
  • Lombok rawit dibetheti
    Dadi murid sing taberi
  • Mancing wader oleh yuyu
    Ben pinter sregep sinau
  • Menang kalah aja nesu
    Dadi bocah kang satuhu
  • Blarake disampirake
    Omah cedhak ra ngampirke
  • Enak jagung bakarane
    Wani tanggung perkarane
  • Kembang jagung dipethik Cina
    Barang wis kadhung dikapakna
  • Manuk kutut manggung ngganter
    Ra nurut bisa keblinger
2. Parikan patang gatra
  • Pait niki raos jamu
    Manis niki raos gendhis
    Sinten remen maos buku
    Luber ngelmu ugi wasis
  • Mlinjone kok abang-abang
    Wit ringin rambati kara
    Contone ra kurang-kurang
    Wong main dadi sangsara
  • Godhong jarak warna ijo
    Dimamah dadi blokekan
    Lali anak lali bojo
    Lali omah lan gawean
  • Rujak nangka rujak wuni
    Kaduk trasi kurang gula
    Saben dina den taberi
    Nastiti sabarang karya
  • Golek pangan ing Semarang
    Wos menthik larang regane
    Aja seneng gawe gampang
    Prekara cilik mergane
  • Mangan sega lawuh tahu
    Lombok ijo nggo sambele
    Yen pengen kasil uripmu
    Makarya lan ndonga kuncine
Sumber : Haryono dkk. (2011). Sinau Basa Jawa Gagrag Anyar Kelas VI SD/MI. Yogyakarta : Yudhistira. Hal : 4-6.

No comments:

Post a Comment