Monday, September 26, 2011

Bausastra Wulangan 1

  • blinger, keblinger : kliru, kesasar pikire
  • gatra : larikaning tembang ing saben pada
  • goro-goro : oreging jagat dening lindhu, prahara, lan sapanunggalane; peranganing crita ing wayang ngarepake wetune Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong.
  • gumlawat : nyandhak (tumandang) apa-apa, ngobahake
  • nastiti : setiti
  • paugeran : pathokan, cancangan, pranatan
  • purwakanthi : tetembungan sing padha swarane utawa padha aksarane
  • satuhu : sanyata, satemene
  • surasa : teges, maknaning layang, tetembungan lan sapanunggalane
  • taberi : sregep sarta telaten
  • wanda : peranganing tembung sing muni sakecap
  • wasis : pinter, bisa, trampil

No comments:

Post a Comment