- Matur nuwun : digunakake ing paguneman kanggo nglairake rasa sukur lan panuwun.
- Sugeng enjing : salam kang diucapake nalika ketemu kanca, sedulur, utawa sapa wae ing wayah esuk.
- Nyuwun pamit : digunakake ing paguneman nalika pamit bali saka mara tamu.
- Ndherek langkung : diucapake nalika mlaku ana dalan nuli nglewati wong kang lagi jejagongan.
- Ndherek bingah : digunakake ing paguneman kanggo nglairake rasa melu senang/melu ngucapna syukur.
- Sugeng rawuh : digunakake nalika mbageake tamu.
- Nyuwun pangapunten : digunakake ing paguneman nalika njaluk pangapuro.
- Sugeng sonten : salam kang diucapake nalika ketemu kanca, sedulur, utawa sapa wae ing wayah sore.
- Ngaturaken kawilujengan : digunakake nalika mbageake tamu.
- Sugeng kondur : salam kang diucapake nalika ana tamu kang mangkat mulih.
- Nyuwun pangestu : diucapake nalika njaluk pandonga saka bapak utawa ibu.
Showing posts with label Ajar Micara. Show all posts
Showing posts with label Ajar Micara. Show all posts
Monday, September 26, 2011
Ajar Micara
Subscribe to:
Posts (Atom)